Adsense

Blog-eWong Purbalingga

Kumpulan Info Menarik | Tutorial | Music | Tips | Pengetahuan Umum | Top Artikel, d.l.l

 


Senin, 19 November 2012

Contoh Pidato Bahasa Jawa


Assalamu’alaikum wr.wb.

Para dewan yuri ingkang kinurmatan. Namung sederengipun kula nglajengaken atur kula mingangka purwakaning atur,langkung rumiyin sumangga kita tansah ngaturaken raos syukur konjuk wonten ngarsanipun gusti ingkang Maha Agung,Alloh SWT, ingkang sampun kapareng paring kanikmatan dhumateng kita sedaya inggih ingkang awujud gumelaring bagas kuwarasan, setemah ing wekdal punika kita saged hanjenengi lan kangestreni tumapaking adicara tanggap wacana. Mugiya salwiring gati purwa, madya tuwin wasana kasembadan lulus raharja kalis ing rubeda.
Para lenggah kakung saha putrid ingkang satuhu pantes sinongsong, sagunging pakurmatan. Wonten ing kaladangan tanggap wacana punika ingkang bade kula aturaken kanthi irah-irahan. PERAN MADRASAH DALAM PEMBENTUKAN KARAKTER BANGSA.
Sagunging para rawuh ingkang kinurmatan.
Bilih Madrasah puniko minangka dados kawah Candradimukanipun para siswa siswi. Ing titiwancinipun mbenjang bade nuwuhaken utawi nukula ken generasi mudha mudhi ingkang onjo utawi linuwih. Satemah bade ambabaraken para pangarsa utawi sesepuh bangsa Indonesia ingkang winasis. Kanthi lelambaran budhi pekerti ingkang mulya.
Awit saking punika para dwija santyasa ngudi para siswa saged onjo ing kaprigelan kawuh dalah bakatipun menawi siswa ingkang ringkih kedahipun tlateni, ampun ngantos mutung.
Sagunging para lenggah ingkang kinurmatan.
Bilih keprigelan kedah lelambaran budi pekerti utawi tata karma. Menggahwujudipun tata karma puniko wenten tiga :
1. Asipat wicanten
2. Asipat solah bawa
3. Asipat wicanten saha solah bawa ( campuran )
Pambudidaya amrih tata karma puniko ngrembaka, saged dipun adani ing sawasana resmi saha mboten resmi. Ing swasana resmi, pamarentah wekdal semangke sampun nyisipaken wontenipun piwulang basa jawi saking SD ngantos SMA. Ing pangrasa, basa jawi puniko ngemot pinten-pinten tata karma ingkang saged ngendhalen salah bawa para siswa. Saged dipun pengggalih menawi para siswa mboten hindakaken tata karma. Endah kados punapa risakesisahing tiyang sepuh, bangsa kita, awit dipun adani priyantun ingkang mboten ngertos tata karma.
Ancasing tata karma nuwuhaken alusing budi, luhuring bangsa. Saha moncering budhaya, ngantos kuncaraning praja. Ngengeti bilih priyantun ing manca nggari sejatosipun kesengsem kaendahaning budaya kita. Katitik kathah ingkang sami ngudi ilmu utawanipun basa jawi. Saged dipirsani wonten pawiyatan-pawiyatan luhur.
Minangka panutuping atur kula, mbok bilih anggen kula matur wonten ngarso panjenengan sedoyo wonten cecer cemet atur ingkang mboten mranani panggalih panjenengan sedoyo mugi sampun kirang ing pamengku, jer kula ngrumaosi manungsa limprah ingkang mboten saged endah saking kirang lan tepat.
Ing wasana keparenga kula lengser saking ngarso panjenengan. Sinartan mahjan maning sesanti jaya-haya wijayanti sura dira jayadiningrat lebur dening pangestuti. Sura wani diresekti jaya menang rat jagat. Kesekten, kuwanen, kamenaging jagat ingkang nalisir saking bebener tertemtu lebur dening budi rahayu.
Hayu-hayu mugi sedaya tansah manggiya rahayu.
Billattaufiq wal hidayah
Wassalamu’alaikum War. Wab.

0 komentar:

Posting Komentar

Sukses Bukan Milik Orang-orang pemalas
Tetapi orang-orang yang mau berusaha mempelajarinya.